Sabtu, 10 November 2012

gempa dan meletusnya merapi 1867 versi keraton jogja

LINDHU GEDHE LAN KURDANING MERAPI ING TAHUN 1867

Ana kadadeyan lindhu kang awit saka Gunung Merapi Kurda, pinengetan ing tanggal 10 juni 1867 ing wanci esuk jam 04.30 nganti horeg mau marambah kaping pindho, kang sarambahan an rong sekon, ngaso sawentara rong sekon, banjur horege saya banter suwene ana 70 sekon terus-terusan, trumprap lindhu mau ing kutha Ngayogyakarta anjalari karusakan gedhe, akeh bangunan-bangunan lanomah-omah padha ambruk, miturut cathetan kala samana kang nemahi tiwas ana udakara 326 wong jawa, dene bangsa liya kayata Tionghoa 50,bangsa eropa ana 15, dene kang tatu jawa ana 376, Tionghoa ana 13, lan bangsa Eropa ana 10.
Yen kataksir jaman semana marga saka lindhu ana f. 672.000,- (nem atus pitung puluh loro ewu rupiah) utawa gulden. Kapitunan Kagem Ngarsa Dalem  Kanjeng Sultan ana f. 336.000,- (telung atus telung puluh ewu rupiah), dene

pepatih Dalem ana f. 40.000,- (patang puluh ewun rupiah), Kanjen Gusti Pangeran Adipati Paku Alam f.15.000,- (lima las ewu rupiah).
Luwih-luwih ing pasar gedhe, omah kang rusak ana 1.166 wuwung, prasasat siji bae ora ana kang slamet, wong kang tiwas ana 190,kang tatu ana 135, dene pasareyan pasar gedhe uga nemahi karusakan.
Semana sawise ana Kanjeng Sultan VI kadherekake Tuwan Resident Bosch tindhak mirsani papan-papan kang nandang karusakan. Tugu ( wiite paal) kang adage let sadhela lan adeging nagari Ngayogyakartabing tahun: 1755 kabangun Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun HB.I. bentuke tugu kkui gilig kang ngemu surasa "Golong gilig" kang mawa werdi manunggaling tekad Ratu lan kawulane kang angukuhi lan angrungkebi sarta ambangun, mula kawentar sinebat paal putih, amarga katerak lindhu  saengga tugu mau rusak  kari sepertelon udakara 8 meteran.
Sawise ngalami rusak kurang luwih saka 20tahun, saka dhawuh Dalem Ngarsa Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan HB.VII ing tahun 1889 tugu mau pinugar, gatra anya. ora kaya gatra kang lawas samengko gatra persagi ing bagian ngisor rai papat saya munggah saya cilik, lan wewangunan lancip  pucuke, tugu mau dhuwure  udakara 12 meteran, rampunging ambangun pinengetan tanggal 3 oktober 1889 kaparingan pegetan sengkalan " WIWACARA HARJA MANUGGALING PRAJA" tahun 1819 jawa.